Selasa, 25 April 2023

CONTOH TEKS IKRAR SYAWALAN BAHASA JAWA

Assalamualaikum wr wb, alhamdulillahi rabbil ‘alamina, washolatu was salaamu ‘ala asyrofil anbiyaa-i wal mursaliina sayyidina wa maulaana muhammadin, wa ‘ala aalihi wa shohbihi ajma’iina. Robbis rohlii shodrii, wa yassirlii amrii, wahlul ‘uqdatam mil lisaani yafqohu qoulii. Amma ba'du

Dhumateng bapak-ibu sesepuh lan pinisepuh ingkang sanget kula bektosi

Dhumateng poro alim ulama ingkang kula bektosi, linangkung dhumateng bapak ustaz

________________   ingkang ka antu antu sabda tamanipun miwah barokah donganipun

Dhumateng bapak lurah hargorejo kula kurmati

Dhumateng ibu dukuh penggung, bapak dukuh anjir, bapak dukuh pandu ingkang kula kurmati

Dhumateng bapak ibu tamu undangan ingkang kula kurmati

Dhumateng jamaah pengaosan samudayanipun rohimakumullah

 

Nyuwun pangapunten, keparenga kula jumejer wonten ing titi laksana menika, supados nderekaken ikror syawalan. Supados khidmat anggenipun kita sedaya ngikroraken syawalan menika, mangga bapak ibu kasuwun sami jumeneng………..

Ikror badhe kula waosaken, bapak ibu kita suwun nderekaken.

---------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Bismillahirrahmanirrahim

Ashadualla illa haillallah, waashadu anna muhammadarrasulullah.

Astagfirullahaladzim (3x)

Ya ihwani, wa ikhwati, isfakuli, wa’asfakulakum

 

Kepareng kula, matur dhumateng, panjenengan sedaya, dhumateng para pinisepuh,

lan sesepuh, kula nyaosaken, pangabektos. Dhumateng ingkang, kapernah muda,

kula ngaturaken, salam taklim. Saklajengipun, kula ngaturaken, sedaya kalepatan,

ingkang arupi wiraos, utawi lampah, ingkang panjenengan penggalih, kirang kaleresan,

utawi nyakitaken manah, kanthi ikror menika, kula nyuwun pangapunten, lahir terasing batos. Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kalepatan, dhumateng kula pribadi, kula ugi tansah, sumadya caos pangapunten.

 

Semanten ugi, hibah panjenengan, ingkang dhateng kula, ingkang dereng halal,

kula suwun halalipun, minangka kangge, nyantosani, lan nambahi, kemaslahatan,

anggen kita, sami nglampahi ngibadah.

Akhiripun, mangga, sami donga-dinonga, mugi-mugi, kita sedaya, kaparingan, kawilujengan, kesehatan, ketenangan, kangge ngadepi, sedaya hambatan-hambatan, lan tantangan-tantangan. Mugi-mugi, kita sedaya, kaparingan, kandel raosing iman, islam, ikhsan, fiddunya wal akhirah.

 

Robbana atina fiddunya khasanah, wafilakhiroti khasanah, waqina adza bannar.

Minal aidin wal faizin, waantumbikhoiri daimin, illa yaumiddin

Takhobaullahu minna waminkum, takhobal ya karim

Amin ya robbal alamin

---------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Bapak ibu kita suwun lenggah malih………….

Mekaten ikrar syawalan ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih wonten kathah kalepatanipun nyuwun pangapunten. Kula pungkasi, Assalamualaikum wr wb,