Selasa, 02 Mei 2023

CONTOH SAMBUTAN KETUA PANITIA SYAWALAN BASA JAWA

Assalamualaikum wr.wb

Bismillah hamdan syukron lillah, Assholatu wassalamu ala rashulillah wa ala alihi wa manwalah lhahaula walaquwata illa billah Amma ba du (sumangga bbebas)

Nuwun kula nuwun katentreman kawilujengan miwah karahyon awit sih wilasning Gusti Allah SWT ingkang hakarya jagat mugi tansah hanunggil dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya.

Salam shalawat sumangga konjuk dhumateng  nabi lan junjungan kita Nabi Muhammad SAW, garwa putra ingkang kaantu-antu safangatipun ing dinten yaumul akhir semangke.

 

·       Pangarsanipun Lurah Kalurahan Hargorejo Bapa Bhekti Murdayanto, S.E. dalasan garwa, Ingkang kinurmatan.

·       Pangarsanipun para pepundhen, para kyai, para sepuh, pinisepuh, ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur, ingkang pantes hanampi sagunging pakurmatan, Linangkung Bapa Kyai ( ….) saking ( …) ingkang tansah sumandhing ing kitab wahyuning illahi ingkang pantes kita dhereki.

·       Pangarsanipun  para priyagung pangemban pangembating praja, para satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang tuhu pantes tinuladha.

·       Pangarsanipun Dukkuh padukuhan Pandhu, ingkang sinuba ing pakurmatan

·       Pangarsanipun  RW dalasan RT padukuhan Pandu ingkang kinurmatan

·       Pangarsanipun warga pedukuhan Pandu kakung miwah putri, kadang wredha mudha dalasan para wiranem ingkang mboten saget kula piji satunggal mbaka satunggal.

Keparenga kula sumela atur nggempil kamardikanipun awit minangkani pamundhutipun kadang panitia halal bilhalal ing kalodhangan siang ari puniki. Nglenggana minangka  jejering titah sawantah, tansah ngaturaken panuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih satemah wonten kalodhangan menika kula lan panjenengan sedaya saget nyawiji wonten papan menika  ngawontenaken halal bilhalal kanthi swasana ingkang bagya mulya nir ing sambekala.

Pangarsanipun sagungimg  para lenggah, minangka namaning Panitya, sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng pinarak lenggah kanthi kanthi mardika. Kaping kalih, nyuwun dhawuh saha deduka denea kadang panitya anggenipun caos pilenggahan, namung sarwi prasaja ingkang mboten treb kalihan drajat, pangkat jengandika sedaya.

Estunipun sampun mboten kirang kirang kadang panitia anggenipun nyamektakaken papan saha wekdal, ananging sepisan malih kula nglenggana kathah sungsang cewetipun, ingkang saking menika kula nglenggana nyuwun samodra ing pangaksami.

Kaping tiga, kula minangka panitia ngaturaken panuwun awit saking paringipun donga panjurung, awujud bau lan suku menapa dene iguh pratikel saha panggalihan, satemah acara halal bilhalal ing siyang ari menika saget kalampahan kanthi rancag kanthi nir ing sambekala.

Salajengipun, kula miangka panitya gadhah pangajab kanthi halal bilhalal ing siyang menika sageta nambahi kandeling kapitadosan dhateng ngarsa dalem Allah SWT, satemah njalari tambahing raos guyub rukun, para pangarsa lan kawula, engga pedukuhan Pandu saya dangu saya majeng ing babagan punapa kemawon. Awit saking menika sedaya menika wau kula nyuwun sembur sembur adas dhumateng  panjenenganipun Bapa Kyai ( ….) kasumanggakaken anggenipun badhe mratitisaken..

Salajengipun tadhah deduka ingkang kathah mbokbilih ing semangke wonten sowanipun para kadang mudha nglarapaken dhedhaharan lan ugi lampiran ipun ingkang sarwi prasaja, sumangga katanggappana kanthi mardikaning panggalih.

 

Ingkang pungkasan, ing mbokbilih acara ing siyang punika sampung paripurna, tebih dhateng raos panundhung, samangke kadang panitia namung saget ngaturaken sugeng kondur, mugi mugi konduripun tansah manggih kawontenan ingkang bagya mulya tinebihna ing sambe kala.

Tamtu kemawon kula mboten saget matur ingkang kathah, mbok bilih anggen kula minangkani atur saking kadang panawung kridha tansah pinanggih subasita ingkang cicir punapa dene solah bawa ingkang mboten mranani, kula tansah nyuwun ing samodra ing pangaksami

Mekaten lan samanten punkgasanipun atur jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta menawi kathah lepat kawula.

Wabillahitaufiq walidaya assalamualaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar