Selasa, 02 Mei 2023

CONTOH TEKS MC SYAWALAN BASA JAWA

 

Assalamualaikum wr.wb

Alhamdulillahi robbil aalamiin

Wabihi nastainu alla umuridunya waddiin

Wasshalatu wassalamu alla asrofil mursaliin

Wa allaa aalihi wasohbihi  ajmain amma ba,du

 

·       Pangarsanipun Lurah Kalurahan Hargorejo Bapa Bhekti Murdayanto, S.E. dalasan garwa, Ingkang kinurmatan.

·       Pangarsanipun para pepundhen, para kyai, para sepuh, pinisepuh, ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur, ingkang pantes hanampi sagunging pakurmatan, Linangkung Bapa Kyai Abid Nurhuda saking Bugel Panjatan ingkang tansah sumandhing ing kitab suci wahyuning illahi ingkang pantes kita dhereki.

·       Pangarsanipun Dukkuh padukuhan Pandhu, ingkang sinuba ing pakurmatan

·       Pangarsanipun  RW dalasan RT padukuhan Pandu ingkang kinurmatan

·       Pangarsanipun warga pedukuhan Pandu kakung miwah putri, kadang wredha mudha ingkang mboten saget kula piji satunggal mbaka satunggal.

 

Nuwun sewu, keparenga kula jumejer ngadeg wonten ngajengan jengandika sami nggempil kamardikan anggenipun jengandika sami wawan pangandikan awit kula piniji dening kadang panitya saperlu angombetaken wekdal ing acara halal bilhalal siyang menika ari Ahad,surya kaping tingang dasa April warsa Kalih ewu tigalikur. Wondene tatalaksitaning acara ing siyang menika

v Sepisan Pambuka(1)

v Menyanyikan lagu Indonesia Raya

v Kaping kalih waosan Kitab suci Alquran(2)

v Kaping tiga Atur pangandikan saking Ketua Panitya(3)

v Kaping sekawan Pamerdar sabda sepisanan(4)

v Kaping gangsal Ikror Syawalan(5)

v Kaping nem  Sabda Tama  pengaosan dening Bapa Kyai Abid Nurhuda, S.Pdi,  saking Bugel Panjatan Kulon Progo(6)

v Kaping pitu sumene  saha manca warna(7)

v Kaping wolu panutup(8)

Mekaten menggah reroncening tatalaksitaning acara Halal bilhalang ing siyang ari menika.

 

Bapa, Ibu jengandika sami, awit sampun samektaning gati kepareng acara nunten kawiwitan

Acara sepisan(1), inggih menika pambuka.

Dhumateng jengandika sami ingkang ngrasuk agami Islam, kanthi waosan basmalah, lan dhumateng jengandika sami ingkang ngrasuk kapitadosan sanes kasumanggakaken.

Waosan basmalah kula dherekaken ……………….. .

 

Katuraken pamatur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmalah menika saget anambahi rancagipun acara ing siyang ari menika.

 

Tumapak ing acara titilaksana kaping kalih(2) inggih menika menyanyikan lagu Indonesia Raya , ingkang badhe dipun salirani Mbak…………………….

Dhumateng Mbak…….……………… wekdal saha sasana wara kasumanggaakaken. …………

Dhumateng sagung lenggah sedaya kasuwun jumeneng.

 

 

Tumapak ing acara titilaksana kaping tiga(3) inggih menika waosan Kitab Suci Alquran, ingkang badhe dipun salirani ……………………….

Dhumateng ………… wekdal saha sasana wara kasumanggaakaken. …………

 

Bapa, Ibu  jengandika sami Waosan Kitabsuci Alquran sampun lumaksana, mugi Allah SWT tansah amberkahi rohmat saha hidayah dhumateng kula lan jengandika sami.Lan saget minangka adhedhepe dhumateng ngarsanipun Gusti  Allah, SWT.

 

 

Bapa Ibu Para tamu jengandika sami, dumugi tumapakkipun acara kaping sekawan (4) non inggih atur pamerdarsabda saking ketua Panitya. Ingkang badhe dipun pratitissaken dening panjenenganipun Bapa Heri Sudaryanto. Dhumateng Bapa Sudaryanto , wekdal saha sasanawara kula aturaken…………………………………..

 

 

Maturnuwun dhumateng Bapa Heri Sudaryanto, awit saking atur pangandikanipun, mugi-mugi pikantuk lelintu sakalangkung kathah saking panjenenganipun Allah SWT,..aamiin.

 

Bapa, Ibu sanggyaning para tamu, kalajengaken tumapakkipun titilaksana kaping sekawan(4), non ninggih Sabdatama saking panjenenganipun Lurah Kalurahan Hargorejo, Bapa Bhekti Murdayanto, Sarjana Ekonomi.

Dhmateng Bapa Bhekti Murdayanto, Sarjana Ekonomi wekdal sacekapipun kula sumamggakaken.

 

………………………………………………….

Bapa Ibu jengandika sami, pamaturnuwun katuraken dhumateng panjeneganipun Bapa Bhekti Murdayanto, sarjana Ekonomi, mugi- mugi ndadosna amal keasenan dhumateng ngarsanipun Allah SWT

 

 

Bapa, Ibu , sanggyaning para lenggah, kalajengaken tatarakiting acara kaping enem(6) nonninggih, Ikror Syawalan ingkang badhe dipun tindakaken dening Bapa Yan Aftariawan, Dhumateng Bapa Yan Aftariawan,. sumanngga anggenipun badhe amratitisaken. Sasana wara  sumangga katur.

……………………………………………………………

Bapa Ibu sanggyaning para lenggah, katuraken pamaturnuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng panjenenganipun Bapa Yan Aftariawan, Mugi-mugi, sengguh ingkang ginayuh, basuki ingkang kaesthi.

 

 

Bapa, Ibu jengandika sami, sumangga titilaksitaning acara ing siyang menika nunten kalajengaken acara kaping nem(6), noninggih, Sadatama wasitaning aji, saking panjeneganipun Bapa Kyai Abid Nurhuda, S.Pdi,  saking Bugel Panjatan Kulon Progo

Dhumateng panjenenganipun Bapa Kyai Abid Nurhuda, S,Pdi,  Wekdal saha sasanawara kasumanggakkaken

 

 

 

……………………………………………………….

Bapa, Ibu, sanggyaning para lenggah, jengandika sami, katauraken pamaturnuwun, dhumateng panjeneganipun Bapa Kyai Abid Nurhuda, S.Pdi, awit saking paringipun sabdatama n, mugi-mugi anjalari, kulawangsa ageng Pedukuhan Pandu, sakiwa tengenipun tansah, madhhep manteb anggenipun, sumarah adhedhepe dhateng Allah, SWT, satemah pinaringan, ayom-ayem tentrem Fidunya wal akhiroh. Aamiin …

 

Bapa, Ibu sanggyaning para tamu, Tumapakkipun acara kaping pitu(7) noninggih, manca warna, Dumateng jengandika sami, mbokbilih semangke wonten sowanipun kadang sinoman, ingkang nglantaraken dheharharan ingkang sarwi prasaja, Pramila sumangga, katanggapana kanthi mardikaning panggalih.Acara sumene sawetawis kuladherekaken ………………………………….

 

Bapa, Ibu jengandika, sami wekdal sumene miwah mancawarna kaanggep cekap, wekdal nunten kula sumun malih. Dumugi titilaksananing acara kaping 8 inggih, menika panutup. Saderengipun acara kaping wolu purna, mbokbilih, saking purwa, madya, dalasan wasana, kathah sungsang sarikipun atur, ingakang oncat saking tata trapsila, miwah oncating basa ingkang kirang mranani, ingkang saking menika, kula sakeloron, namung nyadhong deduka ingkang kathah, saha kanthi andhaping manah nyuwun samodra ing pangaksami. .

Tataran acara saking purwa, madya, dalan wasana sampun meh paripurna, Kantun acara pungkasan inggih menika, panutup

Kangge mungakasi acara siyanng ari menika sumangga jengandika sami kula dherekaken maos waosan hamdalah. Denen jengandika ingkang ngarusuk kapitadosan sanen kasumanggakaken

Waosan pandonga kula dherekaken…………….

Dhumateng jengandika sami atas nami panitya, kula ngaturaken agunging panuwun, lan ugi ngaturaken sugeng kondur, mugi-mugi kondur jegandika sami dumugi papanipun piyambak-piyambak tansah manggih widada widadi kebak ing suka basuki

 

Pungkasanipun atur, santen kinarya sengkulun, cekap sematen lan maturnuwun

 

 

Wabillahitaufiq walidaya assalamualaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar